CONTOH SESORAH PERESMIAN GEDUNG:
Assalamu’alaikum.Wr.
Wb.
Katur pangurmatan
dhumateng Bapak Kepala Desa Pendel ingkang satuhu kinurmatan, ingkang pantes
pinundhi Bapak Ketua Pelaksana , saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang
minulya.
Matur nuwun sanget dhumateng juru panata adicara ingkang sampun
maringi wekdal dhumateng kulo supados
ngaturaken tanggap wacana peresmianipun GOR OKE meniki ingkang sampun karantam
wonten ing rantamaning adicara.
Kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindahan dhumateng sederek.
Mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun menawi subsidi saking
pamarintah pusat kangge bangun GOR meniki. Sederek sekaliyan ingkang sampun paring sumbangan kadarman ingkang
arupi punapa kamawon : bau suku, rigen ,pratikel ingkang tulus lan iklas.
Langkung –lakung GOR OKE punika minangka
wadhah nyaluraken kesenengan para warga khususnipun ing bidang olahraga.
Misalipun kangge dolanan futsal, basket, badminton lan sapanunggalane.
Para rawuh ingkang kula kinurmatan,
Mboten kantun ugi kula minangka ngaturaken agunging panuwun dhumateng ketua
pelaksana ingkang sampun sambangan pikiran lan tenaga supados GOR OKE punika
saged mungkasi pembangunan gedung punika kanthi rancangan tuwin wekdal ingkang
sakmesthipun. Ugi kula ngaturaken panuwun dhumateng karyawan pembangunan sampun
kanthi semangat lan pengapdian ingkang inggil lan rasa tanggel jawab ingkang
ageng saged mungkasi pembangunan gedung punika kanthi rancangan tuwin wekdal
ingkang sakmesthipun.
Kula atas nami pemerintah mboten saged ngaturaken
punapa-punapa, pramila sagedipun namung ngaturaken puji pangastuti mugi-mugi
lubering sih kautaman sedaya kala wau pikantuk lilentu saking gusti ingkang
maha agung.
Para rawuh ingkang kula kinurmatan,
Kanthi paripurnaning pembangunan GOR sampu kecakepan
sedaya lan sing di idham- idhamaken sampun
jangkep sedaya persyaratanipun. Salajengipun mangga sesarengan kula lan
panjenengan awrat gedung ingkang sampun sumadya, awit kangge njaga kelestarianipun
punika langkung awrat katimbang ngadani satunggaling bangunan.
Para rawuh ingkang kula kinurmatan,
Cekap sementen atur kula. Mbok bilih wonten kiranging tindak
tanduk utawi klentu-klentunipun atur, kula mewantu-mewantu nyuwun agunging samodra
pangaksami
Wassalamu’alaikum wr.wb
NAMA
: APRILIA DITYARINI
NOMOR
: 01
KELAS :
XI IPA 2
Tidak ada komentar:
Posting Komentar