Jumat, 29 November 2013


CONTOH SESORAH PERESMIAN GEDUNG:
Assalamu’alaikum.Wr. Wb.
 Katur pangurmatan dhumateng Bapak Kepala Desa Pendel ingkang satuhu kinurmatan, ingkang pantes pinundhi Bapak Ketua Pelaksana , saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang minulya.
Langkung rumiyin, sumangga kita ngunjuaken raos puja lan puji syukur wonten ing pangarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat saha nikmat,utaminipun nikmat arupi  kesehatan saha kesempatan satemah kula lan panjenengan  saged  makempal ing mriki sesarengan ngresmiaken gedung olahraga (GOR) ingkang naminipun GOR OKE. Shalawat saha salam kaagungan dalem Allah SWTmugiyo tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita nabi muhammad saw. Mugi-mugi kita kalebet umatipun ingkang pikantuk syafa’atipuning yaumul kiaah. Allahuma amin
Matur nuwun sanget dhumateng juru panata adicara ingkang sampun maringi  wekdal dhumateng kulo supados ngaturaken tanggap wacana peresmianipun GOR OKE meniki ingkang sampun karantam wonten ing rantamaning adicara.
Kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindahan dhumateng sederek. Mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun menawi subsidi saking pamarintah pusat kangge bangun GOR meniki. Sederek sekaliyan ingkang  sampun paring sumbangan kadarman ingkang arupi punapa kamawon : bau suku, rigen ,pratikel ingkang tulus lan iklas. Langkung –lakung GOR OKE  punika minangka wadhah nyaluraken kesenengan para warga khususnipun ing bidang olahraga. Misalipun kangge dolanan futsal, basket, badminton lan sapanunggalane.
Para rawuh ingkang kula kinurmatan,
Mboten kantun ugi kula minangka  ngaturaken agunging panuwun dhumateng ketua pelaksana ingkang sampun sambangan pikiran lan tenaga supados GOR OKE punika saged mungkasi pembangunan gedung punika kanthi rancangan tuwin wekdal ingkang sakmesthipun. Ugi kula ngaturaken panuwun dhumateng karyawan pembangunan sampun kanthi semangat lan pengapdian ingkang inggil lan rasa tanggel jawab ingkang ageng saged mungkasi pembangunan gedung punika kanthi rancangan tuwin wekdal ingkang sakmesthipun.
Kula atas nami pemerintah mboten saged ngaturaken punapa-punapa, pramila sagedipun namung ngaturaken puji pangastuti mugi-mugi lubering sih kautaman sedaya kala wau pikantuk lilentu saking gusti ingkang maha agung.
Para rawuh ingkang kula kinurmatan,
Kanthi paripurnaning pembangunan GOR sampu kecakepan sedaya  lan sing di idham- idhamaken sampun jangkep  sedaya persyaratanipun.  Salajengipun mangga sesarengan kula lan panjenengan awrat gedung ingkang sampun sumadya, awit kangge njaga kelestarianipun punika langkung awrat katimbang ngadani satunggaling bangunan.
Para rawuh ingkang kula kinurmatan,
Cekap sementen atur kula. Mbok bilih wonten kiranging tindak tanduk utawi klentu-klentunipun atur, kula mewantu-mewantu nyuwun agunging samodra pangaksami
Wassalamu’alaikum wr.wb

NAMA    : APRILIA DITYARINI
                                                                            NOMOR : 01
                                                                                        KELAS  : XI IPA 2

Tidak ada komentar:

Posting Komentar